1 Oktober 2012

Sholawat Jawa _ Oleh As-syaikh KH. Ms, Abdul Wahab__Pengasuh PPMH Mojosari Kepanjen


SHOLAWAT DZULHIJJAH
 اللهم صل وسلم على سيدنا ومولنا محمد __عدادم بعلم الله صلاة دائيمة بدوم ملك الله
Bejo temen wong kang poso dino tarwiyyah
Tanggal wolu wonten ing wulan dzulhijjah
Pun paringi ganjarane ing kang katah
Lir sabare nabi ayyub ingkang betah
Luwih bejo wong kang poso dino arofah
Tanggal songo wonten ing wulan dzulhijjah
Dipun ganjar lir imane nabi isa
Amal berat damel nebus duso hamba
Ugo bejo wong kang wirid tengah wengi
Malam arofah wayah bengi gelem tangi
Sholat hajat surat ikhlas den genepi
Moco tasbih 10.000 ojo lali
Lamun moco tasbih awak keroso berat
Ganti surat ikhlas tartil ojo larat
Wilangane satus enem lamun dewe
Yen jama’ah ngalap cekap dipun bagi
Niat poso nawaaitu shouma ghodin
Min yau min tarwiyah lillahi ta’ala
Niat maneh nawaitu shouma ghodin
Min yau min Arofah lillahi ta’ala
Cekap nyerat malam ahad pukul gangsal
Ing wulan dzulhijjah leres tanggal gangsal
Wonten pondok PPMH Mojosari
Konco pondok sesarengan sami mriki
Leres tanggal kaleh likur pebruari
Sanga ngatus suwidak songone masehi
Mboten sanes mugi-mugi manfa’ati
Kangge sangu ngadep Allah kang maha suci

Amin-amin-amin-amin….
Ya Allah Robbal Almin

                   Ditulis Ulang ___ moh.nkri@gmail.com

1 komentar:

Elbaruqy mengatakan...

manteb tenan mas brooooo
http://elbaruqy.blogspot.com/